TULADHA/CONTOH
Atur
Pasrah Temanten Kakung
Assalamualaikum Wr.Wb
Kasugengan saha sih nugrahaning
Gusti ingkang adikarya loka mugi tansah kajiwa kasarira wonten panjenengan
sedaya dalasan kula. Panjenenganipun.........(Ingkang Nampi ) keparenga kula
matur minangka sulih saliranipun........( Besan), kula kinen masrahaken putra
temanten kakung pun.......( Temanten kakung) mugi katur panjenenganipun (
Ingkang masrahaken).
Wodene kalampahipun mekaten, kula
wau wanci tabuh 8, temanten kakung kula pendhet saking Garongan, Panjatan
kanthi kairing para sepuh, kalawangsa sanak kadang pawong mitra sawetawis, kula
kanthi gangsar, lancar rahayu wilujeng nir ing sambikala.
Pramila ngemban dhawuh......( Besan ) wigatosing sedya,
keparenga hing mangke temanten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken
dhumateng panjenengan minangka sulih saliranipun.......(Ingkang Masrahaken) cundhuk kalihan
lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula
nindakaken ayahan punika ndadosaken pirenaning penggalih mugi diagung
pangaksama panjenengan, Matur nuwun
Wasalamualaikum Wr. Wb